Jumat, 28 Desember 2018

Teks bahasa jawa. Dialog bahasa jawa

Nama tokoh
Sri : karepe dewe
Gunawan : ketus, sayang anak
Bramantyo : ora tanggug jawab
Ana : nurutan, apikan
Elsa : apik, bijak
Subri : apik, bijak
Sari : apik, bijak
Narator
BOJOKU SELINGKUH
Ing sawijining waktu, ana pasangan sing padha  trisna marang liane ,yaiku sri lan bram. Pada pada saling trisno. Idep-idep Bram diperintahwong tuane lunga menyang londo. Perkoro iku ndadekake crita kasebut pedhot mbasio isih ono rasa trisna ing ati nanging ora bakal luntur.
Idep idep Sri dijodohno marang wong tuane karo gunawan nganti kawin lan nduwe anak sing namine Ana. Awale uripe Sri sak keluarga iki aman lan tentrem.
Sri : iki mas kopine.
Gunawan : eh, iyo dek.
Ana : Pak, kulo bade berangkat sekolah..
Gunawan : iyo ati-atiyo nak
Sri     : iyo ati-ati
Gunawan : (ngombe kopi) wes dek, mas budal kerjo sek yo
Sri     : yo mas, ati-ati
Gunawan ninggalno omah
Lan ing sakwijining wektu, Sri lungo menyang pasar, lan ing tengah dalan Sri keplicuk sikile dadine Sri ngeroso sikile kelaran, lan gak suwi Sri di tulung karo wong lanang.
Sri : masyaallah tuku sayur ae, antrine megilan (kesandung) aduh-aduh-aduh
Bram : loh, mbak gak popo ta?
Sri : gak mas, gak popo (coba ngadek tapi sek kelaran)
Bram : loh mbak gak iso mlaku ngono, ayo tak bantu..
Sri : (ndangak)
Bram : Sri??
Sri : loh, samean iki sopo yo? Kok ngerti aran ku?
Bram : aku iki bram..
Sri : Bram? (suarane ngendek) terus awakmu kok isok nak kene?
Bram : wes, ayo minggir disek.. sikilmu kan yo gek loro
Sri : iyo-iyo
Nak warung
Bram : ayo, lungguh disek Sriati-ati
Sri : ehm iyo mas. Tapi awakmu kok iso nak kene mas, bukane awakmu isik nak luar negeri.
Bram : iyo dadi ngene ceritane, aku iki wes oleh sakminggu nak Indonesia. Aku mbalek rene soale aku wes ditugasno mane nak Indonesia. Lan aku yo pingin nepati janji ku nak awakmu
Sri : opo? Janji opo yo mas?
Bram : opo, kowe gak iling..? aku kan tahu janji nak kowe, nek aku wes muleh teko londo. Aku bakal ngelamar kowe
Sri : opo???
Bram : iyo ngelamar kowe. Tapi akhir-akhir iki aku gak iso nak omahmu, soale aku sek durung due waktu..
Sri : oh, iyo mas aku ngerti kok samean iki kan uwong sibuk
Bram : iyo, aku janji. Akhir minggu iki insaallah aku bakal nak omahmu ngadep wong tuomu gae minang awakmu..
Sri : oh yowis mas, aku balek muleh disik yo
Bram : loh, ayo tak terno..
Sri : igak mas, gak usah. Aku iso dewe
Bram : oh.. ati-ati yo Sri..?
Sri : iyo mas..
Anduk omah, Sri bingung dewe karo awake
Sri : astaghfirullahaladzim. Yaallah iki pie to? Giliran aku wes iso ngelalikno Mas Bram, saiki de.e muncul..
Lan dalune pasik kabeh sak keluarga ngumpul bareng ing ruang keluarga.
Ana : pak, bu. Ana mau ono ulangan Matematika alhamdulillah oleh apik pisan..
Sri : alhamdulillah
Gunawan : alhamduillah.. yo ngono dadi anake bapak gudu pinter yo? Nang sinau sing rajin bapak nak kamar disik..
Ana : bu?
Sri : iyo nak.
Ana : bapak saiki sibuk temen yo bu?
Sri : iyo, bapak kan oleh pekerjaan anyar sing luwih abot timbang panggonan kerjakan iko.
Ana : oh, ngono to bu? yowes bu, ana nak kamar sik.
Sri : iyo..
Ana melbu nak kamar, sakwise iku Sri gunem dewe.
Sri : iyo yo, mas Gunawan saiki kan sibuk tenan. Opo aku nyoba buka atiku mane gae mas Bram tapi kapan aku iso ketemu mas Bram mane yo?
Isuk-isuk koyok biasane Sri gaekno kopi gae bojone.
Sri : mas, iki kopine?
Gunawan : eh iyo dek, delehen nak mejo ae yo? Aku budal sek wes kari iki..
Sri : eh, iyo mas. Ati-ati
Ana : bu, kulo berangkat sekolah rumiyen (salim) bapak pundi bu?
Sri : bapakmu wes budal kerjo..
Ana : oh, nek ngonten Ana berangkat rumiyen nggeh bu. Assalamualaikum
Sri : waalaikumsalam(ngeringkesi kopi nak ndukur mejo) oh, iyo wingi aku ketemu mas Bram nak pasar kan? Sopo ero nek saiki aku nak panggonan wingi, aku iso ketemu mas Bram mane?
Sri langsung budal nak pasar, karo semangat
Sri : nak endi yo, mas Bram ealah lapo aku iki, gak mungkin lah mas Bram nak kene mane, pasti wingi mas bram rene iku gak sengojo. Mas Bram kan yo kerjo.e sibuk ah.. aku muleh ae buang-buang waktu aku nak kene!
Sri langsung mbalek muleh, tapi nak tengah dalan mulih sri ketemu karo Bram.
Bram : Sri?
Sri : Mas Bram?
Bram : loh, ketemu mane?
Sri : eh, iyo mas. Mas Bram iki kok iso nak kene
Bram : iyo mas iki kerjo nak pegawai pemerintahan, lan aku ditugasno gae mantau perkembangan pasar iki..
Sri : oh mas, aku muleh sek yo
Bram : eh, Sri..?
Sri : iyo mas?
Bram : opo aku oleh njaluk nomor HP mu?
Sri : oh, niki mas
Bram : suwun yo Sri, engko tak telfon yo?
Sri : ehm iyo mas
Bengie nak omahe Sri, sri lungguh-lungguh nak ruang keluarga lan Ana sinau nak pinggire Sri.
Ana : bu? Bapak kok dereng wangsul nggeh? Iki kan wes dalu tenan
Sri : iyo, bapakmu kan sibuk. Engko nek bapak teko wes ojo diganggu yo.. bapak mu pasti katok.
Ana : inggih bu.
Lan gak suwi suara telpone Sri muni.
Sri : nomere sopo iki?
Ana : sinten sing telfon bu? bapak?
Sri : Duduk. Sek tak angkate
Halo sinten nggeh?
oalah Mas Bram.
eh, mene isuk? Insaallah gak nandi-nandi mas. Ono opo yo?
ketemuan? Nak panggonan mau? Oh.. iyo mas. Insaallah.. waalaikumsalam
Ana : (ngadek marek ibuke) sinten bu?
Sri : eh.. igak, gak sopo-sopo. Wes nang sinau kono sing pinter yo? Ibu nak kamar disik yo?
Ana : inggih bu.
Isuk koyok biasane, Ana berangkat sekolah.
Ana : bu, Ana berangkat sekolah rumien.. (salim). Bapak wau bengi mboten wangsul to bu?
Sri : iyo, wes nang berangkat engko selak kari nak sekolahan.
Ana : inggih bu, Assalamualaikum
Nak Pasar Sri ketemuan karo Bram, wong loro iku podo omong-omongan
Sri : mas?
Bram : eh, sri? Ayo lungguh..
Sri : iyo mas..
Bram : awakmu dino iki ayu tenen Sri.
Sri : iso ae samean iku mas. Ehm onok opo yo mas, samean kok ngejak aku ketemuan?
Bram : ehm.. Sakdurunge aku pingin takok awakmu iki wes due omah dewe?
Sri : emange lapo mas?
Bram : aku wingi nak omahe wong tuomu tapi gak onok uwong, terus jare pembantumu awakmu wes due omah dewe
Sri : ah, i-iyo mas, aku wes due omah dewe
Bram : oh, ngono. Dadi opo aku kapan-kapan oleh dolen nak omahmu?
Sri : ah, iyo mas
Bram : (mantuk-mantuk karon nyawang jam nak tangane) aku koyoke gudu mbalek nak kantor, aku disek yo? Suwun wes teko rene
Sri : eh, iyo mas ga popo. Lagian aku yo sisan nak pasar
Bram : ehm yaopo engko dalu kene mangan bareng?
Sri : mangan bareng? (kaget) ehm insaallah mas..
Bram : Nek ngono engko dalu tak telfon yo? aku balik kerjo sek.
Sri : iyo mas, ati-ati
Sri ngelanjutno belonjoe nak pasar, lan balik muleh nak omahe. Dalune Ana pamit nak ibue gae berangkat dolen nak omahe Elsa konco sak kelase Ana.
Ana : bu, Ana pamit dolen nak omahe Elsa nggeh? Kan mbenjing sekolahe Ana prei bu
Sri : iyo, ojo dalu-dalu.
Gak suwi onok telfon teko Bram.
Sri : halo mas?
opo? Saiki? Eh, iyo mas. Nak panggonan sing pinggir bank?
oh, iyo aku ngerti kok mas
waalaikumsalam
Sri : waduh.. aku gudu siap-siap
Ana marani nak omahe Elsa.
Ana : Assalamualaikum, Elsa?
Elsa : waalaikum salam Eh, Ana. Ayo berangkat. Tapi enake nak endi yo?
Ana : Nak Mall ta? Ndelek sepatu, saiki akeh model sepatu sing anyar loh
Elsa : ojo, iki tanggal tuo gak due duwik aku
Ana : awakmu wes mangan po durung?
Elsa : durung
Ana : yo, nek ngono nak panggonan mangan biasane ae
Elsa : wah, apik iku. Ayo berangkat
Sri teko nak panggonan mangan iku, nak kono Sri ketemu karo Bram sing wes nak panggonan iku.
Sri : mas gunawan, sepurane yo? Samean wes suwi to nunggu aku?
Bram : gak kok. Aku yo gek buru teko.
Ana : untung panggonane durung rame El
Elsa : iyo eh, ana?
Ana : ono opo?
Elsa : iku bukane ibukmu yo? Tapi karo sopo?
Ana : ibu? Gak mungkin ibu lo nak omah, aku yakin iku duduk ibu ku
Elsa : oh iyo paling. Ayo kene lungguh nak kono.
Ana : ayo..
Sri : onok opo to mas, samean ngejak ketemuan?
Bram : eh.. ngene lo sri. Aku iki rencanae ape ngelamar kowe. Tapi sakdurunge aku ape ngomong nak kowe sek..
Sri :oh, ngono to?
Bram : tapi, aku njaluk kowe jujur karo aku yo? Ojo onok rahasia
Sri : Mas, samean wes ngerti to?
Bram : ngerti opo Sri?
Sri : aku jujur ae yo? Tapi aku iki janji karo samean, nek aku iki sek tresna karo samean, temen gak goro.
Bram : iyo Sri, jujure bae..
Sri : Aku iki wes due bojo karo anak mas
Bram : opo? Dadi temen sing diomongno karo pembantumu kuwi
Sri : pembantu, opo mas?
Bram : dadi pasik aku sing nak omahmu disek, kowe lak wes tak ceritani to? Iku aku jare pembantumu, kowe iku wes due omah dewe. Lan iku omahe bojo mu.
Sri : terus saiki pie mas?
Bram : aku yo gak ero Sri? Tapi yaopo ceritane kowe iso kawin karo wong liyo?
Sri : dadi biyen, pasik samean lungo nak londo. Aku iki sedih telong dino, telong bengi. Bapakku gak kuat nyawang aku koyok ngono mas. Terus aku dikawekno karo koncoe, mas ku Gunawan arane. Gelem gak gelem aku kudu kawin karo wong iku. Soale aku pikir samean wes gak balik mane nak Indonesia.
Bram : tapi, opo temen kowe sek tresna karo aku?
Sri : iyo mas aku sek nyimpen ati gae samean.
Bram : aku yo sek tresna karo kowe Sri, yaopo nek kene BACKSTREET ae?
Sri : opo BACKSTREET? Opo kuwi mas?
Bram : dadi kene ngejalakno hubungan iki mek kene tok sing ero?
Sri : opo samean dadi selingkuhan ku?
Bram : yo.. ngonoku. Iku, nek kowe gelem. Nek kowe gak gelem, yo hubungane kene sampek kene ae.
Sri : ojo, ojo mas..? aku sik tresna karo samean.
Bram : terus yaopo iki, aku gak gelem ngejalakno hubungan iki, nek gak onok status,e
Sri : ehm.. akhir-akhir iki bojoku yo muleh dalu terus, kadang sampek gak muleh. Nek kene ngejalakno hubungan iki pasti gak bakal keweroan kan mas?
Bram : iyo, opo iku tandaekowe gelem?
Sri : (mantuk karo mesem)
Sak banjure, Sri teko omahe diterno Bram. Lan gak suwi disusul Ana muleh diterno Elsa.
Sri : suwun loh mas, samean ngejak aku mangan nak njobo.
Bram : iyo podo-podo. Eh iyo Sri?
Sri : opo to mas?
Bram : minggu mene aku dulen nak omahmu, oleh opo gak?
Sri : eh.. nak omahku? Insaallah mas Gunawan kerjo. Iyo mas gak popo, tapi sodok awan ae yo?
Bram : iyo, Aku muleh sek yo?
Sri : iyo mas, ati-ati..
Ana : suwun yo el?
Elsa : iyo, minggu mane insallah aku dikirimi duwik. Kene nak Mall yo? Tuku sepatu karo kelambi fashion sing paling anyar, oke?
Ana : iyo el ojo lali tanggal enom nerkatir aku, ok?
Elsa : iyo tenang ae aku mulih sek yo?
Ana : iyo ati-ati loh yo?
Elsa : iyo..
Sakbanjure ana melbu omah lan onok Sri sing sek kelambihan apik lan paesan nak rahine.
Ana : Assalamualaikum..
Sri : waalaikumsalam
Ana : loh, ibu kok kelambian apik? Ape nang pundi bu?
Sri : eh, igak ibu mau mari onok arisan.
Ana : oh berarti sing nak kono mau duduk samean
Sri : opo? Awakmu mau mari dolen nak panggonan mangan sing nak pucuk dalan iku? Iyo?
Ana : eh, ibu kok ero?
Sri : eh(gelagapan bingung delek alasan) yo-yoiyo ibu kan ero nak endi ae dolenmu. Jare dulin nak omahe Elsa? Lah kok tambah ngeloyong nandi-nandi?
Ana : pisan-pisan bu?
Sri : polae dino iki ibu seneng, yowes gak popo. Tapi, kapan-kapan nek ibu ero awakmu dolen adoh mane. Tak kandakno bapakmu loh yo?
Ana : inggih, inggih bu oh, iyo bu. Bapak durung muleh?
Sri : durung paling engko dalu. Koyok gak ero bapakmu saiki ae
Ana : oh, yowes bu. Ana nak kamar disek..
Sri : Hm untung ae Ana iki mau gak ero.
Isuk-isuk Gunawan moco koran nak mbale omah, Sri sing nyapu, lan Ana sing moco buku nak pinggire Gunawan. Kumpul bareng ngerancanakno liburan keluarga.
Gunawan : hm.. dek?
Sri : opo to mas?
Gunawan : minggu mene Insaallah aku free
Sri : maksude mas?
Gunawan : iyo aku njaluk prei sek kerjoe. Pengen ngejak Ana rekreasi..
Ana : temenan pak?
Gunawan : iyo lo nak, bapak kan wes jarang ketemu kowe karo ibu mu?
Ana : iyo-yo ayo pak Ana setuju..!!
Sri : gak!!
Ana : kenopo to bu?
Gunawan : iyo lapo.o to dek?
Sri : ah iku lo mas, samean kan gek karyawan anyar. Mosok yo samean apene njaluk cuti, padahal karire samean iki kan gek apik-apike
Gunawan : gak popo, aku yo wes kondo karo bos ku. Aku diizini njaluk cuti gae minggu mene. Gae waktu keluarga
Sri : mbarikan aku yo gak iso mas
Gunawan : lapo.o to dek?
Sri : hm aku onok reunian bareng konco SMA.
Gunawan :  oh, nek ngono tepakan aku karo Ana iso elu nak acara reunian mu. Koyok tahun wingi awakmu ngejak aku karo Ana..
Ana : inggih bu aku iso ketemu anak-anake koncoe samean.. nak kono aku yo iso nambah konco.
Sri : gak iso!! Ana, Mas Gun? reunian tahun iki gak oleh gowo keluarga..
Ana : emange onok yo bu, reunian koyok ngono?
Sri : wes gak usah bantah talah Ana?!!
Ana : Inggih bu
Gunawan : Ana, awakmu iso melbu kamar sek? Bapak ape ngomong karo Ibu.
Ana : nggeh pak..
Gunawan : dek? Mosok yo awakmu mbelani konco timbang keluarga..
Sri : yo gak ngono mas?!!
Gunawan : mosok gak iso di undur? Awakmu ngerti kan yaopo reaksine Ana mau, pasik aku ngomong rekreasine seneng banget areke lagian mumpung Ana yo prei..
Sri : yowis mas, sakarepe samean. Nang rekreasio kono karo Ana. Aku gak melu!
Gunawan : kok ngono dek?
Sri : mas, samean iki gak iling opo kepie to? Samean nak kerjoan sing disik lakyo dipecat, gara-gara samean cuti terus onok pekerjaan nak kantor. Lan samean gak iso diandelno terus ndelek karyawan liyane gae ngganteni samen. Samean gak iling?!!!
Gunawan : iyo she..
Sri : makane ta mas.. wes gak aneh-aneh sek mene ae ngenteni samean wes naik jabatan. Baru samean cuti ngejak nak luar negeri yo gak popo
Gunawan : ngono to?
Sri : iyo mas.
Gunawan : nang jarene onok reunian iku, pie lo?
Sri : eh, wes tenang ae mas.. ra usah dipikir iku. Saiki samean mikir kerjoane samean ae yo?
Gunawan : terus, yaopo karo ana?
Sri : Ana, iku dadi urusanku engko aku sing ngomong lak areke ngerti.
Banjure dino-dino dijalani ora ono opo-opo, lan saiki dino minggu sing asline Gunawan sak keluarga ngelencer bareng.
Ana : bu, dino iki sido kan ngelencere?
Sri : Ana, bapak iku saiki lagi sibuk-sibuke delek duwik. Dadi kapan-kapan ae yo?
Ana : loh bu, kok ngono?
Sri : iyo
Ana : berarti preian iki Ana gak nandi-nandi lakan?
Sri : yaopo nek saiki awakmu dolen nak omahe Elsa
Ana : wah, tepak iku bu. nek ngono saiki Ana nak omahe Elsa yo bu?
Sri : iyo, wes ojo sedih mane? Yo?
Ana : inggih bu.. ana berangkat desek..
Sak banjure Ana tekan omahe Elsa. Nak kono Ana cerito akeh perkoro masalahe dee karo keluargane.
Elsa : eh, onok opo to iki? Jarene awakmu apene ngelencer sak keluarga.
Ana : iyo, gak sido. Makane aku nak omahmu El?
Elsa : lah emange lapoo to?
Ana : sakdurunge aku pingin takok?
Elsa : iyo takok opo?
Ana : onok yo emange reunian ra oleh ngejak anak karo bojo..?
Elsa : eh.. gak ngerti nek an? Kan aku yo durung tahu ngerasakno
Ana : iyo, yo
Elsa : yowis ojo sedih-sedih mane ayo jalan-jalan. Tanggal enom iki rek..
Ana : oh, iyo awakmu due janji nak aku gae neraktir lo yo?
Elsa : iyo aku gak lali
Ana : tapi, kapan-kapan ae yo el?
Elsa : emange lapo to?
Ana : aku pingin nak pakde ku sek yo? Pingin cerito masalah keluargaku
Elsa : oh, yowis. opo tak terno?
Ana : iyo gak popo El..
Ana lan Elsa banjur sepedaan nak omahe pakdene Ana yaiku pakde Subri lan bode Sari.
Ana lan Elsa : Assalamualaikum
Sari : waalaikumsalam, eh Ana onok opo to ponakane bode mrene?
Ana : inggih bode, kulo bade pingin cerito masalah ku. Biasane pakde lan bude kan iso ngemei Ana solusi.
Sari : oh.. iyo-iyo ayo melbu? Pakde onok nak jero kok?
Sari : mas.. iki lo onok ponakane samean karo kancane
Subri : eh.. Ana to? Ayo kene melbu?
Ana lan elsa salaman lan lungguh
Subri : yaopo kabare ana?
Ana : alhamdulillah sae pakde.
Subri : onok opo to iki dungaren
Ana : ngene pakde Ana teng mriki bade cerito masalah keluargane Ana pakde.
Subri : emange lapoo ibu karo bapakmu
Ana : dadi ngee pakde, akhir-akhir iki ibu karo bapak gelek tukaran perkoro hal sepele. Ket bapak due kerjoan anyar bapak mesti kerjo ngelembur. Terus ibu saiki yo gelek metu. Kadang-kadang Ana sampek delek dahar teng njobo pakde, bude. Amergo ibu mboten masak, soale bapak wes mangan nak kantore. Tapi Ana ngeroso koyokane onok sing di tutup-tutupi teko ibu pakde, bude
Sari : lah emange opo sing ditutup-tutupi to nduk..
Ana : Ana nggeh mboten ngertos bude
Subri : engkok nang Bram wes mbalek teko londo?
Sari : gak mungkin lah mas?!
Ana : bram? Sinten niku pakde?
Subri : bien, ibumu sak mondok awakmu kuwi due pacar dee konco sak sekolahan SMA bien tapi pasik wes umure kawin, Bram iku ninggalno ibumu nak luar negeri. Mbarikan mbahmu yo gak setuju nek ibumu kawin karo Bram iku, soale akhlake bejat. Lan akhire dijodohno karo bapakmu kuwi. Lan duweni anak awakmu.
Elsa : ana?
Ana : iyo el?
Elsa : engkok nang, sing nak panggonan mangan kuwi iku temen ibu mu lagi ketemuan karo Bram iku mau?
Ana : iyo, berarti selama iki ibu goroi aku? Gak mungkin, ibu ngajari aku ben dadi uwong gak oleh goroan. Tapi, ibu kok nggoroi aku karo bapak..
Sari : wes ana.. ojo sedih
Subri : iyo, saiki ayo nak omahmu yo. Ngandani ibumu ben dee ngerti opo sing dilakuake iku salah. Yo? Wes ojo nangis mane?
Pakde, bude ne Ana, Ana lan Elsa bodo berangkat menyang omahe Ana gae marani Sri.
Lan Sri sing janjian karo Bram nak omahe, akhire Bram teko nak omahe Sri. Awake karo Bram koyok pasangan sing gek anget-angete gandengan tangan nak mbale omah. Tapi moro-moro bojone Sri yaiku Gunawan mbalek nak omahe gae njukuk barang sing ketinggalan.
Bram : asslamualaikum, Sri
Sri : waalaikumsalam eh, mas Bram. Ayo melbu mas?
Sri : kok iso pas to, bojoku karo anakku wes budal metu kabeh
Bram : yo, iyoloh Sri
Sri : tak jupukno ngumbeh sek yo mas?
Bram : wes gak usah, aku nak kene mung pingin ngomong. Awaknu ero kan nek aku gak seneng hubungan sing gak due jeneng opo mane gak pasti koyok ngene
Sri : iyo mas, aku yo gek ndelek cara gae iso cerai soko mas Gunawan. Samean sabar sitik yo?
Lan gak suwi Gunawan teko. Lan kaget nyawang bojone karo wong liyo.
Gunawan : ealah, aneh-aneh ae latopku tambah tak tinggal nak omah?
Gunawan : heh, sopo kowe???!!
Sri : sabar-sabar mas.. samean mung salah paham..
Gunawan : kon sopo yo?!! Wani-wanine lunggu bareng bojo ku?!!
Bram : sabar samean iki salah paham..
Gunawan : oh dadi iki lanangan sing mbarai awakmu berubah yo dek?!!! Wes ancen kon yo wong lanang bajingan pantes mati (ngerai lading nak dukur mejo)
Sri : ojo mas(ngedat-dati Bram gae awake lan kesuduk)
Ana, pakde bude lan koncoe kuwi gek anduk omah. Ana sing mbukak omah langsung kaget gak ketulung nyawang geteh akeh telecekkan.
Ana : ibu..!! iki ibu lapoo to pak? (bapakne gak iso jawab)
Bram : i-ibu mu dipateni karo bapak mu.
Ana : opo? Gak mungkin
Bram : sawangen dewe, bapakmu nyekel lading iku
Ana : bapak-bapak jahat karo ibu.
Sari : uwes-uwes ana ana sing sabar nggeh..
Ana : tapi bude, ibu
Sari : uwes yo
Banjur Ana nangis. Ana nyalakno bapakne sing wateke kolot, lan nak kejadian iku. Mbarakno bapakne Ana yaiku Gunawan gendeng lan Bram melayu tanpa tanggung jawab. Lan Ana akhire melu pakde lan budene gae tinggal bareng.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pengalaman Asistensi Mengajar di SMK N 02 Probolinggo

  ESSAY ASISTENSI MENGAJAR SMKN 02 PROBOLINGGO   Saya Arridlotun Nurushibyan yang diamanahi sebagai guru mata pelajaran CNC akan menceri...